Invoice minangka aspek wigati kanggé mesthèkaken usaha lumampah kanthi leres lan éfisièn; tanpa dokumèn punika usaha modhèren saged dados boten teratur. Invoice minangka cara ingkang sae sanget kanggé nyimpen cathetan usaha saha nedahaken sikap profésional usaha panjenengan.
Kados pundi Invoice Lumampah
Intinipun invoice inggih punika dokumèn dagang ingkang dipun-terbitaken déning usaha dhateng pelanggan ingkang ngemot produk, cacahipun lan rega ingkang sampun dipun-sarujuki saha layanan ingkang dipun-paringaken. Ing ngandhap punika daftar cekak informasi dhasar ingkang kedahipun wonten ing invoice limrah:
• Tembung “Invoice”
• Nami perusahaan
• Rincian kontak perusahaan
• Rujukan ingkang unik
• Informasi pelanggan
• Gunggung wragad layanan
• Informasi PPN
• Pitedah pambayaran
• Sarat pambayaran
Komentar
Dèrèng wonten komentar.